Selasa, 01 Maret 2016

Naskah Ludruk Ande-Ande Lumut



Ande-Ande Lumut

1. Tema : Golek Garwa

2. Cerita apa : Ande-ande Lumut

3. Ceritane kaya piye :  Panji Asmara Bangun mangembarra kanggo golek pengalaman uri lan garwa sisihaning gesang. Nalika mangembara dheweke ketemu karo Mbok Rondho Dhadhapan, lajeng dipek anak lan dijenengi Ande-ande Lumut. Mbok Rondho Dhadhapan golekna garwa kanggo Ande-nde Lumut kanthi cara nganakna saembara nyanyi kang diarani “Sinden Idol”. Sing melu saembara yaiku Klenting abang, Klenting ijo, Klenting biru lan Klenting kuning. Sanajan Klenting abang, klenting ijo lan klenting biru ayu-ayu, nanging wis disisani yuyu kangkang. Lha bedo karo klenting kuning, dheweke rupane digawe elek mbok rondho klenting, ambune ora enak nanging ora sisane yuyu kangkang lan uga sae penggalihe. Akhire Klenting kuning sing dipilih Ande-ande lumut dadi garwane.


4. Tokoh : a. Pangeran (ande-ande lumut) : wicaksana, sae penggalihipun lan satriya.
      b. Bejo : manut marang junjungane lan lucu.
      c. Mbok Rondho Dhadhapan : kasih marang putra.
      d. Mbok Rondho Klenting : pilih kasih, angkuh lan seneng nyiksa.
      e. Klenting abang : edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.
      f. Klenting ijo : manja, edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.
      g. Klenting biru : edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.
      h. Klenting kuning : sabar, lan sae penggalihipun.
      i. Widodari : welas asih.
      j. Yuyu kangkang : gelem nulung yen ana imbalane (pamrih).

5. Alur : Maju
Konflik : a. Mbok rondho klenting >< klenting kuning · Mbok rondho klenting nyiksa klenting kuning.
   b. Konflik batine klenting kuning · Rumangsa digawe susah utawa diseksa.
   c. Klenting kuning >< yuyu kangkang · Yuyu kangkang ngenyek rupane klenting  kuning.
   d. Mbok rondho dhadhapan >< klenting kuning · Mbok rondho dhadhapan ora setuju yen ande-ande lumut mlih klenting kuning.
   e. Klenting-klenting >< klenting kuning · Klenting-klenting ngremehake klenting kuning.

6. Setting/latar  a. Panggonan :  Ing alas, Ing omahe mbok rondho klenting, Ing kali, Ing omahe mbok rondho dhadhapan
                           b. Wekdal : Esuk, awan, sore
                 c. Swasana : Bingung, Susah, Gething, Seneng “Ande-ande Lumut”



Ande-Ande Lumut

Prolog : kadadosan ing negari ingkang gemah rimpah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. Wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwa kacekapan. Pangeran menika putra mahkota ingkang badhe nglajengake tahta kerajaan. Ananging pangeran kalawau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan. Pangeran kepingin lelono. Nglamahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi pengalaman gesang. Saking mriku kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih menika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.

BABAK 1 :
( Ing alas ) kalih tiyang kaneman mlampah nglewati wana ingkang rimbun. Ningali kiwo tengene mboten wonten kewan utawa peksi ingkang saget dipunburu. Kaneman bagus kalihan pandhereke wau sakyektosipun inggih menika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun. (kalih tiyang mlahpah kanthi wasadapa ngingeti ana ngisor lan ndhuwure nggoleki kewan kang iso diburu).

PANGERAN : “Jo… Bejo… kowe neng endi? Jo…. Bejo.”
BEJO : “Pangeran…. Pangeran….Panjenengan wonten pundi pangeran?” (MLAMPAH MUNDUR, LAJENG TABRAKAN NGANTI GELIMPUNGAN)
PANGERAN : “Aduh… kowe kuwi ati-ati ta.”
BEJO : “Hehehe…ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran wonten wingking kula.”
PANGERAN : “Rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.”
BEJO : “Wonten napa pangeran?” (KALIH TIYANG LENGGAH BARENG LAN PADHA CRITA)
PANGERAN : “Kok ra ana kewan dina iki ya Jo?”
BEJO : “Injih pangeran sepi sanget!” (PANGERAN LAN PANDHEREKE NGADEK, KAGET WEROH WONG ING NGAREPE)
PANGERAN : “Sapa kuwi Jo?”
BEJO : “Kula mboten ngertos pangeran. Sinten nggih niku?”
PANGERAN : “Ngapunten mbok, kula badhe tanglet?” (INGKANG DITAKONI MENENG, ORA NJAWAB, REPOT KARO KAYUNE)
PANGERAN : “Kulanuwun… mbok.” (PANGERAN NYEDAK MARANG MBOK RONDHO, MBOK RONDHO KAGET WEROH PANGERAN)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Walahdalah…. mangga. Sapa kowe?”
PANGERAN : “Kula pengembara mbok… ngapunten niki dusun napa?”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Iki dusun dhadhapan le… kowe arep ngapa neng kene?”
PANGERAN : “Kula badhe mangembara mbok… ananging kula nyasar mboten ngertos dalane.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Wah… ya wis… kowe melu mbok wae piye le? Tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem.”
PANGERAN : “Wah… injih mbok kula purun.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Kawit sekiki kowe dadi anakku. Kowe tak jenengke ande-ande lumut ya le?”
PANGERAN : “Inggih mbok.”

BABAK 2 :
(Ing omahe klenting-klenting) wonten enjing ingkang terang mbok rondho klenting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri mbok rondho klenting sanget ayu pasuryane. Piyambake inggih menika klenting abang, klenting ijo, klenting biru lan salah satunggaling putri tirinipun ingkang nama klenting kuning. Mbok rondho klenting sanget remen lan tresna kaliyan putri-putrinipun, ananging benten kaliyan klenting kuning ingkang dados putri tiri, piyambake sanget dibentenake katresnanipun. Klenting kuning didhawuhi nyapu, ngresiki griya lan ugi nyambut damel ing sawah. Sanget mrihatinake. (klenting kuning teko nggawa sapu, nyapu lan ngepel jogan. Lingeh mojok ana ruangan. Ora suwe mbok rondho teko ngawasi klenting kuning. Nyusul sedulure klenting abang, klenting ijo lan klenting biru)

MBOK RONDHO KLENTING : “Anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug!”
KLENTING-KLENTING : “Injih mbok, wonten napa?”
MBOK RONDHO KLENTING : “Ngene ndug, ana warta sing penting banget.”
KLENTING ABANG : “Warta apa ta mbok?” (dewasa)
KLENTING IJO : “Inggih mbok enten napa ta?” (manja, nyedak karo nyekel tangane mbok rondho klenting)
KLENTING BIRU : “Enten napa mbok, sajake kok tenanan. Wonten menapa?”
MBOK RONDHO KLENTING : “Kowe ngerti ta… mbok rondho dhadhapan sing duwe anak bagus banget, jenenge ande-ande lumut?”
KLENTING-KLENTING : “Owh…ande-ande lumut…bagus!!! Wah gelem no.”
MBOK RONDHO KLENTING : “Iya… mbok rondho dhadhapan gawe saembara “Sinden Idol” kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwa pendamping.”
KLENTING-KLENTING : “Wah… purun sanget mbok.”
MBOK RONDHO KLENTING : “Iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe supaya dadi putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwane ande-ande lumut.
KLENTING-KLENTING : “Iya mbok.. purun.”
KLENTING ABANG : “Wah mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…”
KLENTING IJO : “Ora iso! Mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwane.” KLENTING BIRU “Ora iso mbakyu, mesti aku ta…aku kan luwih cilik, kudune mbakyu-mbakyu ngalah karo aku!”
KLENTING ABANG : “Heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi mbakyumu!”
MBOK RONDHO KLENTING : “Wes-wes ta!! Rasah padu…anak-anake mbok kan ayu-ayu, rasah do udur!! Gek neng njero,,siap-siap dandan!!”
KLENTING-KLENTING : “Injih mbok…”

(Klenting abang, ijo, lan biri ninggal mbok rondho lan mlebu omah) klenting kuning kawit wau mirengake pirembugane simbok lan sedherekipun. Klenting kuning marani mbok rondho lan ngomong marang mbok rondho.
KLENTING KUNING : “Mbok… kula badhe matur.”
MBOK RONDHO KLENTING : “Matur apa….? Apa kowe wes rampung nyapune?” KLENTING KUNING : “Sampun mbok, ngeten mbok… kula inggih kepingin ndherek saembara “Sinden Idol” supados dados garwane ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.”
MBOK RONDHO KLENTING : “Owh ya wis…rene tak dandani kowe.” (MBOK RONDHO MENEHI ANGUS LAN AMBU-AMBU KANG ORA ENAK MARANG KLENTING KUNING)
MBOK RONDHO KLENTING : “Ya wis sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.” (MBOK RONDHO NYURUNG KLENGTING KUNING KANTHI KASAR BANGET)
KLENTING KUNING : “Injih mbok…”(KLENTING KUNING NINGGALNO MBOK RONDHO LAN MLAKU MARAK PAWON)
MBOK RONDHO KLENTING : “Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwane ande-ane lumut yaiku salah sijine anak-anakku, dudu klenting kuning.”

Klenting kuning nampi menapa ingkang dipunutus dening mbok rondho lan dilampahi kanthi sabar. (ing omahe klenting-klenting)

BABAK : 3
(Perjalanan marak ing kali) klenting kuning saben dinten nyambut damel ngresiki griya, ugi nyambut damel wonten lading. Mboten kraos sayah lan keluh kesah. Sinaos piyambake dipundamel mboten sae kaliyan mbok rondho klenting lan para sedulure. Naming piyambake ugi gusti allah ingkang ngertos sengkowo piyambake. Piymbake ngajengaken gusti allah badhe maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun.

KLENTING KUNING : “Duh Gusti ngeten niki gesangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti lemah manah.”
WIDODARI : (WONG KANG ORA DISANGKA MARA) “Hei… cah ayu.”
KLENTING KUNING : “Sapa kuwi?”
WIDODARI : “Kowe rasah wedi, aku iki widodari sing arep bantu awakmu!”
KLENTING KUNING : “Ameh ngapa kowe?”
WIDODARI : “Aku arep menehi kowe pusaka… tampanen … mugo-mugo pusaka iki keguna kanggo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Tampanen cah ayu.”
KLENTING KUNING : “Injih matur nuwun.”
WIDODARI : “Ati-ati, gunakno pusaka kuwi kanggo kabecikan!”
KLENTING KUNING : “Injih, matur nuwun lan nyuwun donga lan restune.” (KLENTING KUNING NINGGALNO KALI LAN NGGAWA PUSAKA SING DIWENEHKE WIDODARI)

BABAK : 4
Ing salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer banget, wonten mriku yuyu kangkang gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika. Piyambake si yuyu kangkang ingkang julik. (yuyu kangkang sing njaga leen lagi mondar-mandir ngwasi menawa ana wong teko)
YUYU KANGKANG : “Hohohoho….Godong waru kok bolong-bolong… bocah ayu kok moblong-moblong….Sapa kae sing teko?” (LAJENG TEKO KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU MARA ING PINGGIR KALI)
KLENTING ABANG : “Wah… kaline banjir.”
KLENTING IJO : “Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??”
KLENTING BIRU : “Iya mbakyu… piye iki? Bisa-bisa awake dhewe ora sido melu saembarane mbok rondho dhadhapan?!”
KLENTING ABANG : “Kosek-kosek…kae ana yuyu kangkang ta?”
KLENTING IJO LAN BIRU : “Wah…iya…ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae mbakyu.” KLENTING ABANG : “Iya …Yuyu kangkang… yuyu kangkang…”
YUYU KANGKANG : “Hahaha… ana apa cah ayu-ayu?”
KLENTING ABANG : “Yuyu kangkang… aku njaluk tulung kowe….tulung sebrangke aku lan adhik-adikku lewat kali iki…”
YUYU KANGKANG : “Wah…abot banget kuwi. Iso nanging enek syarate cah ayu….enek imbalane.”
KLENTING ABANG : “Imbalane apa ta…kon mbayar nganggo duwit?? Wah kowe kuwi mata duwitan!”
KLENTING IJO : “Ya wes lah yen duwit gampang….mengko tak bayar..”
KLENTING BIRU : “Ya… piro jalukmu mengko tak bayar!!”
YUYU KANGKANG : “Dudu duwit…aku rak doyan…. Hahaha”
KLENTING-KLENTING : “Prett…”
YUYU KANGKANG : “Imbalane yaiku nganggo tangamu..”
KLENTING ABANG : “Apa tanganku???ameh bok kapakne??”
YUYU KANGKANG : “Ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…”
KLENTING BIRU : “He!!! Apa?”
KLENTING IJO : “Iihhhhh,,,emohh ahh….gilani…”
KLENTING ABANG : “Iya,,apa ra enek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok ambungi??hiiiii”
YUYU KANGKANG : “Ya wis yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalane nambah…” (KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU PADHA REMBUGAN)
KLENTING ABANG : “ya wis,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….” (YUYU KANGKANG NYEBRANGKE KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU KANTHI GILIRAN)
YUYU KANGKANG : “Wah…seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..” (KLENTING KUNING TEKO AREP NYABRANG)
YUYU KANGKANG : “Hohoho.. apa kuwi??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.” KLENTING KUNING : “Wah… kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang?? Wah kae enek yuyu kangkang. Yuyu kangkang…yuyu kangkang mreneo. Aku njaluk tulung sebrangne kali iki.”
YUYU KANGKANG : “Hahaha… apa sebrangke?aku wegah.”
KLENTING KUNING : “Mengko tak wenehi duwit…”
YUYU KANGKANG : “Aku wegah… wes kono lunga.. aja rene meneh! Dasar wong wadon elek.”
KLENTING KUNING : “Alah…kowe kok jahat ta Yuyu kangkang…” (KLENTING KUNING NGETOKNO PUSAKANE)
KLENTING KUNING : “Ya wis yen kuwi karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.”
YUYU KANGKANG : “Hahaha… apa ya iso?”
Dumadan lepen menika asat, yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih lan mati. Sak lajengipun klenting kuning saget lumprah nyebrang lepen menuju griya mbok rondho dhadhapan, griyanipun si ande-ande lumut.

Babak 5 :
(ing omahe mbok rondho dhadhapan) salah sawijining dusun ingkang nama dhadhapan, mbok rondho nembe nyapu griya, wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah swijining surau. Ngentosi gegantilaning manah ingkang dipunjanjiaken gusti allah kangge piyambake. (mbok rondho lagi nyapu ing omahe, ujuk-ujuk teko rombongane wong wadon ayu-ayu yaiku klenting abang, ijo lan biru).

KLENTING-KLENTING : “Assalamu’alaikum…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Wa’alaikumsalam…sapa ya?”
KLENTING ABANG : “Kula mbok… klenting abang.”
KLENTING IJO : “Kula klenting ijo mbok..”
KLENTING BIRU : “Lan kula klenting biru mbok.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Wah.. cah wadon ayu-ayu…arep ngapa iki?” KLENTING-KLENTING : “Badhe melu saembara “sinden idol” supaya bisa dadi garwane ande-ande lumut mbok…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Owalah… arep melu saembara ta… Ayo nyanyi siji-siji?!”
KLENTING-KLENTING : “inggih mbok..” (KLENTING-KLENTING GANTIAN NUNJUKNO KAPINTERANE NYANYI)
KLENTING ABANG : (NYANYI “NYIDAM SARI”)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Lumayan-lumayan. Next….”
KLENTING IJO : (NYANYI “LUNGITING ASMARA”)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Padha wae lumayan. Next…”
KLENTING BIRU : (NYANYI “TANJUNG MAS NINGGAL JANJI”)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Waw rondo cucok. Sek ya tak omongke ande-ande lumut . mlebu siji-siji ya!”
KLENTING-KLENTING : “Oke… siaaaaaaappp!” (KLENTING ABANG MLEBU PISANAN, BANJU MBOK RONDHO NYANYI)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Putraku si ande-ande lumut.. temuruna ana putri kang unggah-unggahi… putrine ngger sing ayu rupane… Klenting abang iku kang dadi asmane.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten meduun.. najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Wah ora gelem ki nduk!”
KLENTING ABANG : “Wah kurang ajar kuwe kuwi… aku ayune ngene diarani sisane yuyu kangkang.” (KLENTING ABANG METU BANJUR KLENTING IJO SING GANTI MLEBU)
KLENTING IJO : “Cobi kula mbok…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putri kang unggah-unggahi… putrine ngger sing ayu rupane.. klenting ijo iku kang dadi asmane.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu… kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Wah ya padha ora gelem ki nduk.”
KLENTING BIRU : “Mbok,,,cobi kula.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana utri kang unggah-unggahi…putrine ngger sing ayu rupane…klenting biru iku kang dadi asmane.” ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun… duh ibu… kula mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Waduh nduk wong telu ora gelem kabeh kae…” (KLENTING KUNING TEKO MARA ING OMAHE MBOK RONDHO DHADHAPAN) KLENTING KUNING : “Assalamu’alaikum…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Wa’alaikumsalam… sapa ya kuwi?”
KLENTING KUNING : “Kula klenting kuning mbok…badhe melu saembara “sinden idol” supaya bisa dadi garwane ande-ande lumut.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Apa?... Kowe kepengen dadi garwane anakku? Ora salah ta kuwe iki?”
KLENTING ABANG : “Lha iya… rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu ditolak kok apa mneh kuwe?”
KLENTING KUNING : “Dicoba ndhisik mbok…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Ya wis kono ndang nyanyi.”
KLENTING KUNING : (NYANYI “CIDRO”) (KLENTING KUNING MELU MLEBU MBOK RONDHO)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putri kang unggah-unggahi…putrine kang ala rupane… klenting kuning iku kang dadi asmane.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula inggih purun…dalem putra inggih badhe medun…najan ala menika kang putra suwun.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Lho…apa ra salah kowe le tole?”
ANDE-ANDE LUMUT : “Mboten mbok…niki sampun dadi pilihane kula.” (KLENTING-KLENTING KUSAK-KUSUK)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Owh… yen kuwi pilihanmu le, simbok manut wae.” ANDE-ANDE LUMUT : “Mbok, kula badhe ngomong jujur ngenani jati dirine kula.” MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Apa kuwi ngger?”
ANDE-ANDE LUMUT : “Mbok, kula menika sakjane pangeran ingakang mangembara golek pengalaman urip lan sisihing urip.”
KLENTING-KLENTING : “haaa!!!...??? pangeran??? (KLENTING-KLENTING SEMAPUT)
Pungkasane klenting kuning dados sisihanipun ande-ande lumut, pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadekake dados putri ingkang ayu. Sejatosiun klenting kuning menika putri sekartaji lan ande-andhe lumut menika raja ngetosi ramanipun. Pengeran ugi klenting kuning, gesang slaras saklawase.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar